5 Gusti Yesus tumuli miyos, ngagem makutha eri lan jubah wungu. Pangandikane sang Pilatus marang wong-wong: “Sawangen manungsa iku!”
6 Nalika para pangarepe imam lan para wong jaga ndeleng marang Gusti Yesus, banjur padha mbengok: “Kasaliba, kasaliba!” Pangandikane Sang Pilatus: “Wis, gawanen lan saliben; awit mungguh ing aku ora ana kaluputane apa-apa.”
7 Wangsulane wong-wong Yahudi: “Kula sami gadhah angger-angger, dene miturut angger-angger wau tiyang punika kedah pejah, amargi ngaken-aken Putanipun Allah.”
8 Sang Pilatus bareng miyarsa atur kang mangkono iku, saya wuwuh ajrihe,
9 banjur lumebet ing gedhong pangadilan maneh sarta ngandika marang Gusti Yesus: “Asal Panjenengan saking pundi?” Nanging Gusti Yesus ora paring wangsulan.
10 Kang iku Sang Pilatus tumuli ngandika: “Punapa Panjenengan boten kersa rembagan kaliyan kula? Punapa Panjenengan boten mirsa, manawi kula punika gadhah panguwaos ngluwari Panjenengane lan ugi kuwaos nyalib Panjenengan?”
11 Wangsulane Gusti Yesus: “Panjenengan mesthi boten kagungan panguwaos punapa-punapa tumrap Kula, manawi panguwaos wau boten kaparingaken dhateng panjenengan saking nginggil. Pramila: tiyang, ingkang ngladosaken Kula dhateng panjenengan, punika dosanipun langkug ageng.”