1 Nalika ing dina katelune ing desa Kana tanah Galilea ana manten, sarta kang ibune Gusti Yesus ana ing kono.
2 Gusti Yesus dalah para sakabte, uga diulemi mrono.
3 Bareng padha kekurangan anggur, kang ibune Gusti Yesus tumuli ngandika marang Panjenengane: “Padha kentekan anggur.”
4 Pangandikane Gusti Yesus: “Ibu, panjenengan ngarsakaken punapa dhateng Kula? Dereng dumugi wekdal Kula.”
5 Nanging kang ibune Gusti Yesus banjur dhawuh marang para paladen: “Apa sadhawuhe marang kowe padha lakonana.”
6 Ing kono ana genthong watu wadhah banyu nenem, sadhiyan kanggo sesuci manut adate wong Yahudi, isine saben genthong mau rong klenthing utawa telung klenthing.
7 Gusti Yesus tumuli dhawuh marang para paladen mau: “Genthonge pada kebakana banyu!” Tumuli iya diiseni nganti kebak.