7 Gusti Yesus tumuli dhawuh marang para paladen mau: “Genthonge pada kebakana banyu!” Tumuli iya diiseni nganti kebak.
8 Gusti Yesus banjur ngandika: “Saiki cidhuken, lan aturna marang pitayaning gawe!” Banjur kelakon digawa.
9 Pitayaning gawe bareng ngicipi banyu kang wus dadi anggur mau -- lan dheweke ora sumurup pinangkane, awit kang sumurup mung para paladen kang padha nyidhuki banyune -- tumuli ngaturi panganten lanang,
10 sarta matur: “Saben tiyang nyegah anggur punika ingkang sae rumiyin. Dene manawi para tamu anggenipun ngunjuk sampun kathah lajeng saweg nyegahaken ingkang kirang sae. Nanging Panjenengan kok nyimpen anggur ingkang sae ngantos sapunika.”
11 Prakara mau katindakake dening Gusti Yesus ana ing Kana tanah Galilea, dadi wiwitaning mukjijat-mukjijat, lan srana mangkono Panjenengane wus mbabarake kaluhurane. Para sakabate tumuli padha pracaya marang Panjenengane.
12 Sawuse mangkono Gusti Yesus banjur tindak menyang ing kutha Kapernaum, bebarengan karo kang ibu lan para sadhereke tuwin para sakabate; nanging ana ing kono mung kendel sawatara dina bae.
13 Nalika ngarepake riyayane Paskah wong Yahudi, Gusti Yesus tindak menyang Yerusalem.