11 Nanging Maryam Magdalena ngadeg ana ing sacedhake pasarean karo nangis. Sajrone nagis nginguk ing pasarean,
12 sarta weruh ana malaekat loro ngagem-agem putih, padha lenggah, kang siji ing ulon-ulon, sijine ana ing dagan tilas panggonan sumareng layone Gusti Yesus.
13 Malaekat iku banjur padha ngandika marang Maryam: “Ibu, kena apa kowe nangis?” Ature Maryam: “Gusti kula dipun pendhet tiyang lan kula boten sumerep wonten ing pundi anggenipun nyarekaken.”
14 Sawuse matur mangkono, tumuli mengo sarta weruh Gusti Yesus jumeneng ana ing kono, nanging ora sumurup, manawa iku Gusti Yesus.
15 Gusti Yesus tumuli ngandika: “Ibu, kena apa kowe nangis? Kowe nggoleki sapa?” Panyanane Maryam iku juru taman, banjur matur: “Bapak, manawi sampeyan ingkang mendhet Panjenenganipun, kula sampeyan criyosi, wonten ing pundi anggen sampeyan nyarekaken, kula pendhetipun.”
16 Gusti Yesus tumuli ngandika: “Maryam!” Maryam banjur minger sarta munjuk ing basa Ibrani: “Rabuni!” Jarwane: Guru.
17 Pangandikane Gusti Yesus: “Aja nggepok marang Aku, awit Aku durung sowan ing ngarsane RamaKu, nanging lungaa nemonana para sadulurKu, lan padha kandhanana, manawa Aku arep sowan menyang ing ngarsane RamaKu lan Ramamu ing ngarsane AllahKu lan Allahmu.”