5 Gusti Yesus tumuli ngandika: “He, bocah-bocah, apa kowe padha duwe lawuh?” Wangsulane: “Boten.”
6 Pangandikane Gusti Yesus: “Jalamu tibakna ing satengene prau, temah kowe bakal padha oleh.” Jalane tumuli ditibakake, nanging banjur ora kena ditarik, awit saka akehe iwake.
7 Sakabat kang dikasihi dening Gusti Yesus tumuli kandha marang Petrus: “Iku Gusti.” Bareng Simon Petrus krungu, yen iku Gusti Yesus, tumuli nganggo sandhangane, marga isih ngliga; banjur ambyur ing sagara.
8 Praune diajokake dening para sakabat liyane, jalaran ora adoh saka ing dharatan, mung watara rong atus asta, sarta jalane kang kebak iwak iku digered.
9 Samentase ing dharatan, para sakabat padha weruh geni areng, lan iwak tumupang ing geni mau sarta roti.
10 Gusti Yesus tumuli ngandika marang para sakabat: “Njupuka iwak sawatara, oleh-olehane anggonmu mentas njala iku!”
11 Simon Petrus banjur munggah ing prau lan ngetas jalane menyang ing dharatan, jala iku kebak iwak gedhe-gedhe: nganti satus seket telu kehe. Nanging sanadyan nganti samono kehe, jalane ora bedhah.