3 Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Satemen-temene pututurKu ing kowe: Wong manawa ora kalairake maneh mesthi ora bisa weruh Kratoning Allah.”
4 Unjuke Nikodhemus: “Tiyang sampun sepuh makaten anggenipun saged lair kadospundi? Punapa saged lumebet malih dhateng guwa-garbaning biyungipun, lajeng kalairaken malih?”
5 Paring wangsulane Gusti Yesus: “Satemen-temene pituturKu ing kowe: Wong manawa ora kalairake saka banyu lan Roh, mesthi ora bisa lumebu marang Kratoning Allah.
6 Apa kang lair saka ing daging iku daging lan kang lair saka ing Roh, iku roh.
7 Aja gumun, dene Aku pitutur ing kowe: Kowe kudu padha kalairake maneh.
8 Menyang ngendi midide angin iku miturut ing sakarepe, lan kowe krungu sumiyute, nanging ora sumurup pinangkane lan parane. Kaya mangkono iku kaanane saben wong kang kalairake saka ing Roh!”
9 Nikodhemus munjuk: “Prakawis punika sagedipun kalampahan kadospundi?”