1 Sawuse mangkono Gusti Yesus tindak menyang ing sabrange sagara Galilea, yaiku sagara Tiberias.
2 Wong akeh padha grudugan ndherekake Panjenengane, amarga padha ndeleng mukjijat kang wus katindakake dening Gusti Yesus tumrap wong-wong kang padha lara.
3 Gusti Yesus tumuli minggah ing gunung, banjur lenggah ana ing kono, kaadhep dening para sakabate.
4 Nalika samana wus ngarepake Paskah, riyayane wong Yahudi.
5 Bareng Gusti Yesus mirsa wong akeh padha grudugan sowan, banjur ngandika marang Filipus: “Ing ngendi anggon kita arep tuku roti, supaya wong-wong iki bisa mangan?”
6 Anggone ngandika mangkono iku mung kagawe nyoba, awit wus mirsa piyambak apa kang bakal katindakake.
7 Unjuke Filipus: “Roti pangaos kalih atus dinar boten badhe nyekapi kangge tiyang samanten kathahipun punika, sanadyan namung sami kabagean nyakedhik.”