28 Wong-wong mau banjur padha munjuk: “Kawula kedah sami nglampahi punapa supados nindakaken padamelan ingkang kakarsakaken dening Allah?”
29 Dhawuh wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong mau: “Iki pagawean kang dikarsakake dening Gusti Allah, yaiku supaya kowe padha pracaya marang kang kautus dening Allah.”
30 Unjuke wong-wong mau: “Pratandha punapa ingkang Paduka tindakaken, supados kawula saged sami ningali sarta lajeng pitados dhateng Paduka? Paduka nglampahi pandamel punapa?
31 Para leluhur kawula sami nedha mana wonten ing ara-ara-samun, kados ingkang sampun kaseratan: Padha diparingi roti saka ing swarga.”
32 Pangandikane Gusti Yesus: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Dudu Nabi Musa kang maringi roti marang kowe saka swarga iku, nanging RamaKu kang maringi roti sajati kang saka swarga marang kowe kabeh.
33 Awitdene roti kang saka Gusti Allah yaiku kang tumurun saka ing swarga sarta kang nguripi jagad.”
34 Unjuke wong-wong mau: “Gusti, kawula mugi Paduka paringi roti punika ing salaminipun!”