47 Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sing sapa pracaya, iku nduweni urip langgeng.
48 Aku iki roti panguripan.
49 Leluhurmu padha mangan mana ana ing ara-ara-samun, nanging wis padha mati.
50 Iki roti kang tumurun saka ing swarga: Sing sapa mangan iku, ora bakal mati.
51 Aku iki roti kang urip, kang wus tumurun saka ing swarga. Manawa wong mangan roti iki, bakal urip ing salawas-lawase. Anadene roti bakal pawewehKu yaiku dagingKu, kang bakal Dakwenehake kanggo uripe jagad.”
52 Wong-wong Yahudi tumuli padha bebantahan, pangucape: “Wong iku kapriye bisane menehake daginge supaya padha dakpangan?”
53 Gusti Yesus ngandika marang wong-wong mau: “Satemen-temene pituturKu marang kowe. Manawa kowe ora mangan daginge Putrane Manungsa lan ora ngombe getihe mesthi ora padha kadunungan urip.