1 Sawuse mangkono Gusti Yesus lelana ngideri ing tanah Galilea. Mulane ora karsa terus ana ing tanah Yudea, awit wong Yahudi padha ngarah sedane.
2 Nalika iku ngarepake riyayane wong Yahudi kang aran riyaya Tancebing Tarub.
3 Kang iku sadherek Gusti Yesus padha matur marang Panjenengane: “Suwawi Panjenengan bidhal dhateng ing tanah Yudea, supados para murid Panjenengan inggih sami sageda ningali pandamel ingkang Panjenengan tindakaken.
4 Sabab sadaya tiyang ingkang ngangkah dados kawigatosanipun tiyang kathah punika rak boten wonten ingkang tumindak kanthi sesidheman. Manawi Panjenengan nglampahi pandamel makaten punika, suwawi Panjenengan ngedheng dhateng jagad.”