10 Nanging bareng para sadhereke wus mangkat nekani riyaya mau, Panjenengane iya tindak, nanging ora ngeblak, dadi kanthi sesidheman.
11 Nalika riyaya, wong-wong Yahudi padha nggoleki Panjenengane calathune: “Wonge ana ing ngendi?”
12 Sarta ing antarane wong akeh mau keprungu rerasanan bab Panjenengane; ana kang ngucap mangkene: “Iku wong becik.” Liyane maneh: “Ora, iku nasarake wong akeh.”
13 Ewadene ora ana wong siji-sijia kang wani rembugan ngeblak bab Panjenengane, awit wedi marang wong Yahudi.
14 Bareng wus nengah-nengahi riyaya, Gusti Yesus lumebet ing Padaleman Suci sarta memulang.
15 Wong Yahudi padha kaeraman, pangucape: “Wong iku olehe kawruh kang kaya mangkono iku saka ing ngendi, dene ora nganggo sinau!”
16 Gusti Yesus mangsuli: “Piwulang iki dudu piwulangKu dhewe, nanging piwulange kang ngutus Aku.