4 Sabab sadaya tiyang ingkang ngangkah dados kawigatosanipun tiyang kathah punika rak boten wonten ingkang tumindak kanthi sesidheman. Manawi Panjenengan nglampahi pandamel makaten punika, suwawi Panjenengan ngedheng dhateng jagad.”
5 Sabab dalah para sadhereke iya padha ora pracaya marang Panjenengane.
6 Gusti Yesus tumuli ngandika marang sadherek mau: “Durung tumeka ing wektuKu, nanging tumrape kowe kabeh tansah ana wektune.
7 Jagad iku ora bisa sengit marang kowe, nanging Aku disengiti, amarga Aku nekseni yen panggawene jagad iku ala.
8 Kowe padha mangkata nekani riyaya iku, Aku durung mangkat mrana, awit durung tumeka ing wektuKu.”
9 Gusti Yesus sawuse ngandika mangkono banjur kantun ana ing tanah Galilea.
10 Nanging bareng para sadhereke wus mangkat nekani riyaya mau, Panjenengane iya tindak, nanging ora ngeblak, dadi kanthi sesidheman.