7 Jagad iku ora bisa sengit marang kowe, nanging Aku disengiti, amarga Aku nekseni yen panggawene jagad iku ala.
8 Kowe padha mangkata nekani riyaya iku, Aku durung mangkat mrana, awit durung tumeka ing wektuKu.”
9 Gusti Yesus sawuse ngandika mangkono banjur kantun ana ing tanah Galilea.
10 Nanging bareng para sadhereke wus mangkat nekani riyaya mau, Panjenengane iya tindak, nanging ora ngeblak, dadi kanthi sesidheman.
11 Nalika riyaya, wong-wong Yahudi padha nggoleki Panjenengane calathune: “Wonge ana ing ngendi?”
12 Sarta ing antarane wong akeh mau keprungu rerasanan bab Panjenengane; ana kang ngucap mangkene: “Iku wong becik.” Liyane maneh: “Ora, iku nasarake wong akeh.”
13 Ewadene ora ana wong siji-sijia kang wani rembugan ngeblak bab Panjenengane, awit wedi marang wong Yahudi.