8 Panjenengane banjur tumungkul maneh sarta nyerat ing lemah.
9 Ananging sawuse kang padha munjuk mau krungu pangandika kang kaya mangkono, tumuli padha lunga baka siji, wiwit saka kang tuwa dhewe. Wekasan mung kari Gusti Yesus piyambak karo wong wadon kang isih tetep ana ing kono iku.
10 Gusti Yesus tumuli jumeneng, sarta ngandika: “He, wong wadon, ana ngendi wong-wong mau? Apa ora ana kang ngukum kowe?”
11 Unjuke wong wadon mau: “Boten wonten, Gusti.” Pangandikane Gusti Yesus: “Aku uga ora ngukum kowe. Lungaa, lan wiwit saiki aja gawe dosa maneh!”
12 Gusti Yesus paring dhawuh maneh marang wong akeh: “Aku iki pepadhanging jagad; sing sapa ngetut-buri Aku, ora bakal lumaku ana ing pepeteng, nanging bakal nduweni padhanging urip.”
13 Unjuke para wong Farisi: “Panjenengan nekseni sarira Panjenengan piyambak, paseksen Panjenengan boten sah.”
14 Dhawuh wangsulane Gusti Yesus: “Sanadyan Aku nekseni awakKu dhewe, nanging paseksenKu iku nyata, amarga Aku sumurup ing sangkan-paranKu. Nanging kowe padha ora sumurup sangkan-paranKu iku.