23 Mulane wong tuwane mau padha matur: “Anak kula sampun diwasa, panjenengan dangu piyambak.”
24 Wong kang maune wuta iku banjur diundang kang kaping pindhone, sarta diaturi: “Kowe ngurmatana Allah; aku padha sumurup manawa kae wong dosa.”
25 Wangsulane wong mau: “Tiyang punika punapa tiyang dosa, kula boten sumerep, namung saprakawis ingkang kula mangretosi, inggih punika suwaunipun kula wuta, sapunika saged ningali.”
26 Pitakone maneh: “Kowe dikapakake? Anggone ngelekake mripatmu kapriye patrape?”
27 Wangsulane wong mau: “Kula sampun matur dhateng panjenengan lan panjenengan boten midhangetaken. Punapaa dene panjenengan badhe midhangetaken malih? Punapa panjenengan inggih kapengin dados muridipun?”
28 Wong mau tumuli dipisuhi, pangucape: “Kowe iku muride, nanging aku kabeh iki murid-muride Nabi Musa.
29 Aku padha sumurup yen Gusti Allah wus ndhawuhake pangandika marang Nabi Musa. Nanging mungguh wong kae aku padha ora weruh pinangkane.”