4 Aku kudu padha nglakoni ayahane Panjenengane kang ngutus Aku mumpung isih awan. Wayah bengi bakal teka, wayahe wong ora bisa nglakoni pagawean.
5 Sasuwene Aku ana ing donya, Aku dadi pepadhanging jagad.”
6 Sawuse ngandika mangkono, tumuli kecoh ing lemah. Kecoh mau digawe luluhan lemah banjur dileletake ing mripate wong kang wuta mau.
7 Banjur dipangandikani: “Lungaa, adusa menyang ing blumbang padusan ing Siloam.” Siloam tegese “Kang diutus”. Wonge tumuli mangkat lan adus; baline wus bisa ndeleng.
8 Tangga-tanggane lan wong-wong kang maune weruh anggone papriman banjur padha ngucap: “Apa wong iku dudu kang adate papriman?”
9 Ana kang mangsuli: “Bener iya iku wonge.” Ana maneh kang calathu: “Dudu, mung madha rupa bae.” Wonge dhewe banjur calathu: “Leres, inggih kula punika tiyangipun.”
10 Tumuli ditakoni: “Kapriye mripatmu bisane melek?”