2 Para Raja 23:9-15 JAV

9 Nanging para imam ing tengger-tengger pangurbanan iku ora diparengake munggah marang ing misbyahe Pangeran Yehuwah ing Yerusalem, wong-wong iku mung dililani mangan roti tanpa ragi ana ing satengahe sadulur-sadulure.

10 Sang Nata uga najisake Tofet kang ana ing lebak Ben-Hinom, supaya aja nganti ana maneh wong kang misungsungake anak-anake kadadekake kurban ing geni kanggo dewa Molokh.

11 Sang Prabu iya dhawuh nyingkirake jaran-jaran kang kadekek dening para ratu ing Yehuda kanggo dewaning srengenge ana ing lawang kang anjog ing padalemaning Sang Yehuwah, cedhak ing kamare Natan-Melekh, punggawa kraton, kang manggon ing gedhong ing sandhinging padaleman. Kreta-kreta kanggo dewaning srengenge uga kaobong ing geni.

12 Misbyah-misbyah ing payoning panggung, papan manawa Sang Prabu Akhas ngisis, yasane para ratu ing Yehuda lan misbyah-misbyah yasane Sang Prabu Manasye kang ana ing plataraning padalemane Pangeran Yehuwah karo pisan, iku padha dibubrahi dening Sang Prabu, kaejur-ejur dadi awu ana ing kono, awune nuli kabuwang ing kali Kidron.

13 Tengger-tengger pangurbanan kang ana ing sawetane Yerusalem, ing sakidule tengger Karusakan, kang kaedegake dening Sang Prabu Suleman, ratu ing Israel, kanggo Asytoret, dewaning kanisthan, sesembahane wong Sidon, kanggo Kamos, dewaning kanisthan, sesembahane wong Moab, lan kanggo Milkom, dewaning kanisthan, sesembahane wong Amon, iku iya kanajisake dening Sang Prabu.

14 Tugu-tugu brahala padha diremuki lan saka-saka brahala padha dirubuhake sarta papan-papan ing kono nuli kaurugan ing balung manungsa.

15 Misbyah kang ana ing Betel, tengger pangurbanan kang didamel Sang Prabu Yerobeam, bin Nebat, kang njalari wong Israel padha nglakoni dosa, misbyah lan tengger pangurbanan iku uga karubuhake, watu-watune dipecahi, kaejur-ejur dadi awu, lan sakaning brahala kaobong.