10 Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu wus ndadekake kowe padha bebranahan, ing dina iki cacahmu wus kaya lintang ing langit.
11 Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu muga-muga ngundhakana cacahmu nganti tikel sewu, lan kowe muga padha diberkahana, kaya kang wus dadi prasetyane marang kowe.
12 Nanging manawa ijen aku mangsa kelara mikul tanggung-jawab bab kasusahanmu, bab karepotanmu lan prakaramu.
13 Kowe padha miliha wong kang wicaksana lan limpad ing budi apadene kang akeh pangalamane saka siji-sijine talermu, bakal daktetepake dadi pemimpinmu.
14 Ing kono atur wangsulanmu: Prakawis ingkang panjenengan karsakaken punika pancen prayogi dipun lampahi.
15 Aku banjur milih pemimpin saka antaraning talermu, yaiku: wong-wong kang wicaksana lan sugih pangalaman, padha dakangkat dadi pemimpinmu, yaiku ana kang dadi panggedhening wadya-bala sewu, satus, seket sarta dadi panggedhening wadya-bala sapuluh tuwin dadi panggedhe kang nata wadya-bala kanggo taler-talermu.
16 Lan ing waktu samana aku banjur prentah marang para hakimmu, mangkane: Padha nggatekna marang prakarane para sadulurmu, lan padha gawea putusan kang adil, dadia ing antarane sawijining wong karo sadulure, utawa karo bangsa liya kang ana ing satengahmu.