1 “Kowe iku padha putrane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; kowe aja padha mblereki kulitmu lan aja nyukur rambutmu ing sadhuwure bathukmu marga kepaten;
2 awitdene kowe iku umat kang suci kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta kowe kang wus dipilih dening Sang Yehuwah saka ing antarane para bangsa kabeh kang ana ing salumahe bumi, kadadekake umat kagungane piyambak.”
3 “Kowe aja mangan sadhengah kang jember.
4 Iki pratelane kewan asikil papat kang klilan padha kokpangan: sapi, wedhus gembel, wedhus berok;
5 menjangan kidang, menjangan tutul, wedhus alasan, kidang pagunungan, bantheng lan wedhus gembel alasan.
6 Iya sadhengah kewan kang asikil papat kang tracake belah, -- yaiku kang belahane cawang dadi loro --, sarta kang nggayemi ing antarane sato-kewan kang asikil papat, iku kang klilan padha kokpangan.
7 Nanging panunggalane kang nggayemi lan tracake cawang kang ora klilan kokpangan, yaiku: unta, arnebet lan safan, awit kabeh iku sanadyan nggayemi, nanging ora tracak belah; iku kabeh karam tumrap ing kowe.
8 Mangkono uga celeng, tracake iya belah, nanging ora nggayemi, iku dadia karam tumrap ing kowe. Aja padha kokpangan daginge lan kowe aja nganti kagepok ing bathange.
9 Panunggalane kang ana ing banyu kang klilan kokpangan yaiku: sadhengah kang mawa siwar lan sisik,
10 nanging kang tanpa siwar lan tanpa sisik iku aja kokpangan, iku kabeh karam tumrap ing kowe.
11 Sarupane manuk kang kalal iku kena kokpangan.
12 Nanging kang ora kena kokpangan, yaiku: manuk garudha, manuk beri lan manuk wulung sagara;
13 wulung abang, wulung ireng, dayah lan sapepadhane,
14 bangsa gagak sapepadhane;
15 manuk unta, manuk beluk, manuk camar lan bangsaning alap-alap sapepadhane,
16 manuk pungguk, manuk beluk gedhe, manuk beluk putih,
17 manuk walang kadhak, manuk rakham lan manuk salak,
18 manuk khasidah, bangsaning bango lan sapepadhane, manuk dukhifat lan bangsa lawa.
19 Sarupane kewan gumremet kang mawa elar iku iya padha karam tumrap ing kowe, aja dipangan.
20 Sarupane manuk kang kalal iku kena kokpangan.
21 Kowe aja mangan sadhengah bathang; iku kena kokwenehake marang wong bangsa liya kang ana ing panggonanmu supaya dipangan, utawa kena kokedol marang wong neneka; marga kowe iku bangsa suci kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.Cempe aja kokolah nganggo puwane embokne.”
22 “Sakehe pametune winih kang thukul ana ing pategalanmu saben taun ajeg pisungsungna saprasepuluh.
23 Ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu kagem padalemaning asmane, ana ing ngarsane kono kowe mangana pisungsung prasepuluhane gandummu, anggurmu lan lengamu, apadene pembareping sapimu utawa wedhusmu, supaya kowe sinaua tansah wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.
24 Anadene saupama kadohen lakumu nggawa mrana, awit panggonan kang bakal dipilih dening Yehuwah Allahmu kagem padalemaning asmane iku adoh saka ing panggonanmu, mangka Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu wus mberkahi marang kowe,
25 iku nuli dadekna dhuwit, dhuwite banjur buntelen lan gawanen menyang panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu,
26 dene dhuwit iku banjur tukokna apa sasenenging atimu, apa sapi, wedhus, anggur utawa minuman keras utawa apa bae kang dipengini atimu, tumuli mangana ana ing kono ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu sarta bungah-bungaha, iya kowe dalah brayatmu.
27 Uga wong Lewi kang manggon ana ing antaramu iku aja nganti koklirwakake, marga iku padha ora oleh panduman tanah-pusaka bebarengan karo kowe.
28 Ing pungkasane saben telung taun kowe ngetokna pisungsung prasepuluhane pametuning lemahmu ing taun iku, lan dekekna ana ing kuthamu,
29 nuli bani Lewi kang ora oleh panduman tanah-pusaka kaya kowe iku, apadene wong bangsa liya kang neneka, anak yatim sarta randha kang ana ing panggonanmu, iku bakal padha mara lan mangan nganti wareg; iku supaya kowe diberkahana dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu tumrap sakehe pagawean kang koktindakake.”