1 Nabi Musa kanthi tuwa-tuwane Israel banjur ndhawuhi marang bangsa iku mangkene: “Kowe padha nggatekna sakehe pepakon kang dakprentahake marang kowe ing dina iki.
2 Lan samangsa kowe wus padha nyabrang ing bengawan Yarden lumebu ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, nuli kowe ngadegna watu kang gedhe-gedhe sarta laburen,
3 iku banjur tulisana sakehe pangandikaning angger-anggere Toret iki, yaiku samangsa kowe wus nyabrang lumebu ing nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, tanah kang luber puwan lan madu, kaya kang wus kajanjekake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu marang kowe.
4 Dene samangsa kowe wus padha nyabrang bengawan Yarden, watu kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, iku banjur padha adegna ana ing gunung Ebal lan padha laburen.
5 Karomaneh kowe gawea misbyah konjuk marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing kono, misbyah watu, panggarape aja nganggo piranti wesi.
6 Misbyahe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku kagawea saka watu kang ora katatah, lan anggonen nyaosake kurban obaran marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.
7 Kowe iya nyaosna kurban kaslametan, sarta panganen ana ing kono lan bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.
8 Sabanjure watu-watu mau padha tulisana sakehe pangandikaning angger-anggere Toret iki, tulisane kang cetha lan terang.”
9 Nabi Musa lan para imam bani Lewi uga banjur ndhawuhi marang wong Israel kabeh, mangkene: “Menenga lan ngrungokna, he wong Israel. Ing dina iki kowe wus dadi umate Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu;
10 mulane kowe padha ngestokna marang pangandikane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta nglakonana pepakene lan katetepane kang dakluntakake marang kowe ing dina iki.”
11 Ing dina iku Nabi Musa dhawuh marang bangsa iku, pangandikane:
12 “Samangsa kowe wus padha nyabrang ing bengawan Yarden, kang kudu ngadeg ana ing gunung Gerizim prelu mberkahi bangsa iku, yaiku suku Simeon, Lewi, Yehuda, Isakhar, Yusuf lan Benyamin.
13 Dene kang kudu ngadeg ana ing gunung Ebal prelu ngipat-ipati yaiku suku Ruben, Gad, Asyer, Zebulun, Dhan lan Naftali.
14 Para wong Lewi banjur wiwita mituturi marang wong Israel kabeh kalawan swara kang seru:
15 Kenaa ing laknat wong kang gawe reca ukir-ukiran utawa cor-coran, gegaweane tukang, kang dadi jejember ana ing ngarsane Sang Yehuwah, sarta kang diprenahake ana ing panggonan kang ndhelik. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!
16 Kenaa ing laknat wong kang ngremahake marang bapa biyunge. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!
17 Kenaa ing laknat wong kang ngelih pathok watesing lemahe pepadhane. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!
18 Kenaa ing laknat wong kang nasarake wong wuta ana ing dalan. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!
19 Kenaa ing laknat wong kang nyahak wewenang wong ngamanca, bocah lola lan randha. Wong sabangsa kabeh padha sumaura bareng: Amin!
20 Kenaa ing laknat wong kang awor turu karo somahe bapakne, marga ngungkapi jarite bapakne. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!
21 Kenaa ing laknat wong kang laku jina karo sadhengah kewan. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!
22 Kenaa ing laknat wong kang nunggal turu karo sadulure wadon, anake bapakne utawa anake biyunge. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura: Amin!
23 Kenaa ing laknat wong kang nunggal turu karo embokne maratuwa. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!
24 Kenaa ing laknat wong kang mateni ana ing pasingidan. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!
25 Kenaa ing laknat wong kang nampani opah supaya mateni wong kang tanpa kaluputan. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!
26 Kenaa ing laknat wong kang ora netepi ing pangandikaning angger-anggere Toret iki kalawan panggawe. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!”