1 “Wong kang pringsilane remuk, utawa kang kawirangane kapagas, iku ora kena lumebu ing pasamuwane Sang Yehuwah.
2 Anak jadah ora kena lumebu ing pasamuwane Sang Yehuwah, nganti turun kang kaping sapuluh iya ora kena lumebu ing pasamuwane Sang Yehuwah.
3 Wong Amon lan Moab ora kena lumebu ing pasamuwane Sang Yehuwah, malah turune kang kaping sapuluh iya ora kena lumebu ing pasamuwane Sang Yehuwah salawas-lawase;
4 awit padha ora mapag marang kowe kalawan nyuguh roti lan banyu nalika kowe padha lumaku metu saka ing tanah Mesir, apadene marga anggone ngopahi Bileam bin Beor saka ing Petor ing tanah Aram-Mesopotamia, supaya nglawan kowe, yaiku supaya ngipat-ipati kowe.
5 Nanging Pangeran Yehuwah ora karsa nyembadani marang Bileam, malah ipat-ipate diwalik dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, dadi berkah awit Pangeran Yehuwah. Gusti Allahmu, ngasihi marang kowe.
6 Bangsa loro mau aja kokarah tentreme lan becike, sajegmu urip nganti salawas-lawase.
7 Bangsa Edom iku aja kokanggep jember, awit iku sadulurmu. Wong Mesir iya aja kokanggep jember, marga kowe biyen padha dadi wong neneka ana ing nagarane.
8 Bocah kang lair saka wong-wong iku turune kang kaping telu kena lumebu ing pasamuwane Sang Yehuwah.”
9 “Manawa kowe maju karo balamu nglurug perang nglawan mungsuhmu, kowe kudu njaga awakmu, nyingkirana samubarang kang nistha.
10 Manawa ing antaramu ana wong lanang kang najis marga saka sadhengah kedadean ing bengine, iku metua menyang sajabane pakemahan, aja nganti lumebu ing pakemahan;
11 bareng ngarepake sore adusa, sarta sasurupe srengenge klilan lumebu ing pakemahan.
12 Ing sajabane pakemahan anaa panggonan, perlu kanggo bebuwang.
13 Ing antarane pirantimu anaa cethoke kanggo gawe cluwekan samangsa kowe arep bebuwang, lan kanggo ngurugi sesukermu iku.
14 Awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, tansah tindak ana ing satengahing pakemahanmu prelu ngluwari kowe lan ngulungake mungsuhmu marang kowe; mulane pakemahanmu iku kudu suci, aja nganti Sang Yehuwah mirsa apa bae kang ora pantes ana ing antaramu, temah banjur mengker nilar kowe.”
15 “Batur tukon kang minggat saka ing bendarane ngungsi menyang ing panggonanmu, iku aja kokpasrahake bali marang bendarane,
16 kareben manggon amor kowe ana ing tengahmu, ing panggonan kang dipilih ana ing salah sawijining panggonanamu kang dikira becik; aja koktindhes.”
17 “Ing antarane para bocah wadon ing Israel aja ana kang dadi sundel-pangibadah; lan ing antarane wong lanang ing Israel aja ana kang dadi jindik-pangibadah.
18 Opahe wong tuna-susila sarta dhuwit opahane pajindikan aja nganti koklebokake ing pedalemane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kanggo netepi salah sawijining nadar; awitdene iku jember tumraping Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.”
19 “Aja njaluk anakan marang padha sadulur; dadia anakane dhuwit utawa bahan pangan utawa apa bae kang kena dianakake.
20 Wong bangsa liya iku kena kokjaluki anakan, nanging sadulurmu aja kokjaluki, supaya kowe diberkahana dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mungguh sabarang apa kang koktandangi ana ing nagara kang kokleboni lan bakal kokejegi.”
21 “Manawa kowe ngunjukake punagi marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, anggonmu ngluwari aja pijer semaya, awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mesthi bakal nagih marang kowe, temah bakal dadi kaluputanmu.
22 Nanging manawa kowe ora nglairake punagi, iku kowe ora bakal nandhang dosa.
23 Apa kang kawetu saka ing lambemu, iku tetepana kalawan setya, amarga kalawan manasuka anggonmu nglairake nadar ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bab kang wus kokucapake kalawan cangkemmu dhewe.”
24 “Manawa kowe liwat ing pakebonan anggur duweke pepadhamu kowe kena mangan wohe anggur sawaregmu, mung bae aja koklebokake ing wadhahmu.
25 Manawa kowe ngliwati pagandumane pepadhamu kang durung dieneni, kowe kena methik wewulene kalawan tanganmu, mung aja nganti namakake arit marang gandume pepadhamu iku.” edit 1: fajar 13.12.01