1 “Sawuse mangkono kita padha budhal bali menyang pasamunan, metu ing dalan kang anjog ing sagara Teberau, kaya kang wus kadhawuhake Pangeran Yehuwah marang aku; karodene nganti kapara lawas anggon kita ngubengi pagunungan Seir.
2 Sang Yehuwah banjur ngandika marang aku mangkene:
3 Wus cukup suwe anggonira padha lumaku ngubengi pagunungan iki, samengko sira menggoka mangalor;
4 sarta para umat dhawuhana mangkene: Sadhela engkas sira padha lumaku ngliwati tlatahe sadulurira, bani Esap, kang padha manggon ing pagunungan Seir, iku bakal padha wedi marang sira, nanging sira padha dingati-ati kang banget;
5 aja nempuh bangsa iku, awitdene sira ora bakal Sunparingi tanahe sathithik-thithika; marga Esap iku wus Sunparingi pagunungan Seir dadi darbeke.
6 Bab pangan sira padha tukua saka kono srana dhuwit, supaya sira padha mangan; lan sira iya tukua banyu saka ing kono srana dhuwit, supaya sira padha ngombe.
7 Marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mberkahi kowe ing sabarang gegaweaning tanganmu. Panjenengane wus ngayomi panglembaramu ana ing pasamunan kang jembar ngilak-ilak iku. Salawase patang puluh taun iki Sang Yehuwah, Gusti Allahmu tansah nunggil karo kowe, temah kowe ora nganti padha kekurangan apa-apa.
8 Sawuse iku kita mbacutake laku, ngliwati tlatahe sadulur kita Esap, kang padha manggon ana ing pagunungan Seir, metu dalan saka Araba-Yordan, yaiku saka ing Elat lan ing Ezion-Geber.Sawuse iku kita padha menggok ing dalan kang anjog ing pasamunane tanah Moab.
9 Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang aku: Sira aja nglawan marang Moab lan aja nempuh bangsa iku, awitdene sira bakal ora Sunparingi apa-apa saka ing nagarane kang banjur dadi darbekira, marga tanah Ar iku wus Sunparingake marang bani Lut dadi darbeke.
10 Maune tanah iku dienggoni dening bangsa Emim, iku bangsa kang gedhe lan akeh cacah-jiwane, sarta dedege dhuwur kaya bangsa Enak;
11 bangsa iku dikira bangsa Refaim kaya bangsa Enak mau, nanging wong Moab ngarani bangsa Emim.
12 Dhek biyen pagunungan Seir iku dienggoni dening bangsa Hori, nanging bani Esap wus ngejegi wilayahe, sarta bangsa iku ditumpes lan kasirnakake, bani Esap iku banjur padha ngenggoni tilas panggonane nggenteni wong-wong iku, padha kaya kang wus ditandukake dening wong Israel tumrap tanah-pusakane kang kaparingake dening Sang Yehuwah.
13 Mulane saiki sira padha mangkata, nyabranga ing kali Zered. Tumuli kita iya padha nyabrang ing kali Zered.
14 Anadene lawase anggon kita padha nglembara saka ing Kadesy-Barnea nganti tekan ing sabrange kali Zered mau, telung puluh wolu taun, nganti sagolonganing para prajurit iku wus padha sirna kabeh saka ing pakemahan, kaya anggone wus padha kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah kalawan supaos;
15 sarta astane Sang Yehuwah uga nglawan wong-wong mau, padha ditumpes lan kasirnakake saka ing pakemahan nganti entek kabeh.
16 Bareng bangsa iku para prajurite wus padha entek mati kabeh,
17 Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang aku mangkene:
18 Ing dina iki lakunira bakal ngliwati tapel-watese tanah Moab, yaiku Ing Ar;
19 sarta nyedhaki tlatahe wong bani Amon. Sira aja nglawan lan aja nempuh bangsa iku, awitdene sira bakal ora Sunparingi apa-apa saka nagarane bani Amon dadi darbekira, marga iku wus Sunparingake marang turune Lut dadi darbeke.
20 Tanah iku iya dikira nagarane bangsa Refaim; pancen maune bangsa Refaim kang ngenggoni, nanging wong Amon padha ngarani bangsa Zamzumim;
21 iku bangsa kang gedhe lan akeh cacahe, dedege kayadene bangsa Enak, nanging Pangeran Yehuwah kang ndadekake tumpese bangsa mau ana ing ngarepe bangsa Amon, temah bangsa iki banjur padha ngendhih tanahe sarta nggenteni manggon ana ing kono;
22 kaya kang wus ditindakake dening Sang Yehuwah tumrap bani Esap kang padha manggon ana ing pagunungan Seir, nalika Panjenengane numpes bangsa Hori, temah padha ngendhih tanahe sarta tumuli nggenteni manggon ana ing kono nganti saprene.
23 Uga wong Awi, kang padha manggon ing desa-desa nganti tekan ing Gaza, iku padha dibengkas dening wong Kaftor, kang pinangkane saka ing Kaftor; wong Kaftor iku nuli padha manggon ana ing kono nggenteni bangsa mau.
24 Mara, sira budhala, nyabranga ing kali Arnon. Wruhanira, Ingsun ngulungake Sihon, ratu ing Hesybon, wong Amori iku, dalah nagarane marang ing tanganira; sira miwitana ngejegi nagarane lan nempuha perang marang Sihon.
25 Ing dina iki Ingsun miwiti ndadekake para bangsa ing sangisore langit padha kataman miris lan wedi marang sira, temah samangsa krungu wartanira bakal padha gumeter lan ngoplok marga saka sira.”
26 “Aku tumuli nglakokake kongkonan saka ing pasamunan Kedemot menyang ing ngarsane Prabu Sihon, ratu ing Hesybon, kalawan tetembungan kang murih bedhami, surasane:
27 Kawula mugi kalilana medal nglangkungi nagari dalem. Lampah kawula namung badhe nurut margi ageng kemawon, boten mawi nyimpang mangiwa utawi manengen;
28 prakawis tedha mugi panjenengan dalem karsaa sade dhateng kawula, badhe kawula bayar mawi arta supados kawula sageda nedha, saha menggah prakawis toya kawula mugi panjenengan dalem paringi, badhe kawula lintoni arta, supados kawula sageda ngombe; namung kemawon kawula kalilana langkung kaliyan lumampah dharat;
29 inggih kados anggen kawula dipun lilani dening bani Esap ingkang manggen wonten ing pareden Seir lan dening bangsa Moab ingkang manggen wonten ing Ar, ngantos kawula sami nyabrang ing lepen Yarden, lumebet dhateng ing nagari ingkang dipun paringaken dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula dhateng kawula.
30 Nanging Prabu Sihon, ratu ing Hesybon, iku ora nglilani kita padha ngliwati tanahe, marga diwangkotake budine lan dipuguhake panggalihe dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, awit karsane arep ngulungake nagara iku marang tanganmu, kaya kang kelakon ing saiki iki.
31 Yehuwah banjur ngandika marang aku: Wruhanira, Ingsun wus miwiti ngulungake Sihon dalah tanahe marang sira, kang iku sira miwitana ngenggoni tanahe supaya dadia darbekira.
32 Sawuse mangkono Prabu Sihon sabalane kabeh banjur methukake kita, perang karo kita ana ing sacedhake Yahas,
33 nanging Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita masrahake Sang Nata marang kita, temahan banjur kita kalahake dalah para putrane lan sabalane kabeh.
34 Ing nalika iku kita ngrebut sakehe kuthane sarta wong isine saben kutha padha kita tumpes, iya wong lanang, iya wong wadon dalah bocah-bocah, ora ana wonge siji-sijia kang kita karekake;
35 mung raja-kayane bae kita jupuk kanggo kita, kaya dene jarahan saka ing kutha-kutha kang wus padha kita rebut mau.
36 Wiwit saka ing Aroer, kang kaprenah ana ing sapinggire kali Arnon, lan kutha kang ana ing lebak saurute kali, nganti tekan ing tanah Gilead, ora ana kutha siji-sijia kang ora karayud marga saka santosane, awit kabeh diulungake dening Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, marang kita.
37 Mung nagarane bani Amon iku ora kokcedhaki, dadia tanah ing saurute kali Yabok, dadia kutha-kutha ing pagunungan, cocog karo wewaler kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang kita.”