1 “Ing nalika iku Pangeran Yehuwah ngandika marang aku: Sira nataha papan watu loro kaya kang dhisik, nuli munggaha ing gunung iki sebaa marang ing ngarsaningSun; lan sira nuli gawea pethi kayu siji.
2 Papan mau bakal Sunserati pangandika kaya kang maune ana ing papan kang dhisik kang wus sira pecah; nuli padha sira selehna ana ing jero pethi iku.
3 Aku banjur gawe pethi kayu sitah, lan natah papan watu loro kaya kang dhisik, tumuli aku munggah ing gunung karo nggawa papan loro mau.
4 Papane banjur diserati dening Panjenengane padha karo seratan kang dhisik, yaiku Pangandika Sepuluh kang wus dipangandikakake dening Sang Yehuwah marang kowe ana ing gunung saka ing tengahe geni, mbeneri kowe padha kumpulan; sawuse mangkono banjur diparingake dening Pangeran Yehuwah marang aku.
5 Aku nuli mudhun saka ing gunung, sarta papane tumuli dakselehake ing sajrone pethi olehku gawe; iya ana ing kono sumelehe, miturut dhawuhe Pangeran Yehuwah marang aku.
6 Wong Israel tumuli padha budhal saka Beerot Bene-Yaakan menyang ing Mosera; ana ing kono Kamas Harun seda lan disarekake iya ana ing kono, dene kang putra Eleazar kang nggenteni dadi imam.
7 Saka ing kono banjur padha budhal menyang ing Gudgod lan saka ing Gudgod menyang ing Yotbata, sawijining dhaerah kang akeh kaline.
8 Ing nalika samana Pangeran Yehuwah milih taler Lewi kadhawuhan ngusung pethining prasetyan, ngladosi Pangeran Yehuwah sarta andum berkah atas asmane, nganti tumeka ing dina iki.
9 Mulane taler Lewi iku ora oleh panduman tanah-pusaka ana ing antarane para sadulure; Pangeran Yehuwah kang dadi pusakane, kaya kang wus dipangandikakake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu.
10 Aku banjur ana ing dhuwur gunung maneh, lawase patang puluh dina patang puluh bengi kaya kang dhisik, sarta sapisan iki Sang Yehuwah uga nyembadani panyuwunku; Pangeran Yehuwah ora bakal numpes marang kowe.
11 Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang aku: Wis sira tata-tataa, budhala ngirida bangsa iku, lumebu lan ngejegi nagara kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos marang para leluhure yen bakal Sunparingake.”
12 “Kang iku, he wong Israel, apa kang dadi pundhutane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, ora liya mung supaya kowe padha wedi-asiha marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lumakua ana ing dalan kang ditedahake, sarta tresnaa lan ngabektia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging ati lan gumolonging nyawamu;
13 nindakna pepaken lan katetepane Sang Yehuwah kang dakluntakake marang kowe ing dina iki, supaya ndadekna kabegjanmu.
14 Satemene, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku kang kagungan langit, malah langit ing sadhuwure sakehing langit, apadene bumi dalah saisine kabeh;
15 nanging kang dadi keparenging panggalihe Sang Yehuwah mung para leluhurmu kang dikasihi, lan para turune, iya kowe iku, kang dipilih saka ing antarane para bangsa kabeh, kaya kaanan ing saiki iki.
16 Mulane padha netakana atimu lan aja wangkot maneh.
17 Awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku Allahe para allah lan Gustine para gusti; Allah kang agung lan kang santosa sarta nggegirisi, kang ora mawang wong lan nampeni besel;
18 kang mbelani bocah yatim lan randha sarta kang ngasihi marang wong ngamanca, sarana maringi sandhang pangan.
19 Mulane kowe iya padha nandukna katresnan marang wong ngamanca, marga kowe biyen iya wus ngalami dadi wong manca ana ing tanah Mesir.
20 Wedi-asiha marang Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, ngabektia lan rumaketa marang Panjenengane, sarta anggonmu nglairake sumpah iya demia asmane.
21 Panjenengane iku kang dadi underaning pepujianmu, iya Panjenengane iku Gusti Allahmu, kang wus nindakake pandamel kang linuwih lan nggegirisi, kang wus padha koksipati dhewe.
22 Para leluhurmu anggone menyang ing tanah Mesir cacah-jiwane pitung puluh, nanging saiki Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu, wus ndadekake cacah-jiwamu kaya lintang ing langit.”