Pangandharing Toret 1:17-23 JAV

17 Ing sajrone ngadili kowe aja mawang wong, wonga cilik, wonga gedhe, padha rungokna kang dadi prakarane. Aja wedi marang sapa bae, awitdene pangadilan iku kagungane Gusti Allah; dene manawa ana prakara kang kangelan tumrap kowe, iku ladekna marang aku, supaya aku krungu.

18 Kaya mangkono anggonku mrentahi kowe nalika samana, bab sabarang prakara kang kudu padha koklakoni.”

19 “Sawuse mangkono kita banjur padha budhal saka ing gunung Horeb, lan padha ngliwati sawratane pasamunan kang jembar lan nggegirisi kang wus padha kokdeleng iku, njujug ing pagunungane bangsa Amori, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah, Gusti Allah kita marang kita; banjur padha tekan ing Kadesy-Barnea.

20 Nalika iku aku banjur tutur marang kowe: Saiki kowe wus padha tekan ing pagunungane bangsa Amori, kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, marang kita.

21 Wruhanamu, Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, wus ngulungake nagara iku marang kowe; padha lurugana lan ejegana, kaya kang wus dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu. Aja padha wedi lan aja giris.

22 Kowe kabeh tumuli padha nyedhaki aku sarta duwe atur mangkene: Sumangga kula aturi nglampahaken tiyang sawatawis ngrumiyini lampah kita, supados sami niti-priksa kawontenanipun nagari punika, sarta sami mbektaa katrangan dhateng kita, bab margi-margi ingkang badhe sami kita langkungi, saha kawontenanipun kitha-kitha ingkang badhe kula dhatengi.

23 Prakara iku dakrasa becik; dadi aku tumuli milih wong rolas panunggalanmu, saka saben taler wong siji.