29 Aku banjur mituturi kowe: Aja padha giris, lan aja wedi karo wong-wong iku.
30 Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu kang ngirid lakumu iku, kang bakal nyarirani perangmu, patrape kaya kang wus ditandukake marang kowe nalika ana ing tanah Mesir lan iku iya padha koksipati,
31 apadene ana ing pasamunan; ana ing kono kowe wus ngalami jinangkung dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, patrape kaya wong mbopong anake, ana ing sauruting dalan kang wus padha kokambah nganti kowe tekan ing kene.
32 Nanging sanadyan kaya mangkono, ewadene kowe meksa padha ora ngandel marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu,
33 kang tansah ngirid lakumu ana ing dalan, milihake panggonan kang kena kokinepi, ing wayah bengi srana geni, lan ing wayah awan srana mega, kanggo nedahake marang kowe dalan kang kudu kokliwati.”
34 “Bareng Sang Yehuwah midhanget kang dadi panggrundelmu, banget dukane sarta supaos, dhawuhe:
35 Bangsa kang ala iki, mesthi ora ana wonge siji-sijia kang bakal ndeleng nagara kang becik kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos yen bakal Sunparingake marang para leluhurira,