31 apadene ana ing pasamunan; ana ing kono kowe wus ngalami jinangkung dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, patrape kaya wong mbopong anake, ana ing sauruting dalan kang wus padha kokambah nganti kowe tekan ing kene.
32 Nanging sanadyan kaya mangkono, ewadene kowe meksa padha ora ngandel marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu,
33 kang tansah ngirid lakumu ana ing dalan, milihake panggonan kang kena kokinepi, ing wayah bengi srana geni, lan ing wayah awan srana mega, kanggo nedahake marang kowe dalan kang kudu kokliwati.”
34 “Bareng Sang Yehuwah midhanget kang dadi panggrundelmu, banget dukane sarta supaos, dhawuhe:
35 Bangsa kang ala iki, mesthi ora ana wonge siji-sijia kang bakal ndeleng nagara kang becik kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos yen bakal Sunparingake marang para leluhurira,
36 kajaba mung Kaleb bin Yefune kang bakal ndeleng, lan iku saanak-putune kang bakal Sunparingi nagara kang wus diidak iku, marga wus ngantepi pambangun-turute marang Pangeran Yehuwah.
37 Aku dhewe iya didukani dening Sang Yehuwah marga saka kowe, lan dingandikani: Sira iya mesthi ora bakal lumebu ing kono.