37 Aku dhewe iya didukani dening Sang Yehuwah marga saka kowe, lan dingandikani: Sira iya mesthi ora bakal lumebu ing kono.
38 Yusak bin Nun, pembantunira iku kang bakal lumebu mrono, iku sira santosakna; awitdene iku kang bakal ngirid lakune wong Israel nganti bisa ndarbeni tanah iku.
39 Anadene anak-anakira kang isih cilik kang padha sira arani yen bakal dadi bandhangan lan anak-anakira kang saiki iki,kang durung bisa mbedakake ala lan becik, iya iku kang bakal padha lumebu mrono, lan kang bakal Sunparingi lan ndarbeni nagara iku.
40 Nanging sira iku padha balia, budhala menyang pasamunan, metua dalan kang anjog ing sagara Teberau.”
41 “Ing kono kowe banjur padha mangsuli lan kandha marang aku mangkene: Kula sampun sami damel dosa dhateng Pangeran Yehuwah. Sumangga, kula sami sagah mangsah perang miturut sadaya dhawuhipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kita dhateng kula sadaya. Sawuse mangkono, saben wong banjur padha manganggo praboting perang, awit pangiramu kalawan gampang bisa mangsah menyang ing pagunungan.
42 Nanging Sang Yehuwah tumuli ngandika marang aku: Aja padha nglurug lan aja perang, awitdene Ingsun ora ana ing tengahira, awit sira bakal padha kasoran ana ing ngarepe mungsuhira.
43 Kowe banjur daktuturi, nanging kowe padha ora ngrewes marang pituturku, malah mbangkang marang dhawuhe Pangeran Yehuwah; kowe padha kaduk wani lan banjur menyang ing pagunungan.