43 Kowe banjur daktuturi, nanging kowe padha ora ngrewes marang pituturku, malah mbangkang marang dhawuhe Pangeran Yehuwah; kowe padha kaduk wani lan banjur menyang ing pagunungan.
44 Tumuli kowe padha dipethukake lan ditempuh dening bangsa Amori kang padha manggon ing pagunungan kono, sarta iku padha mburu kowe kaya tawon, ngalahake kowe saka ing Seir nganti tutug ing Horma.
45 Sabalimu kowe banjur padha nangis ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, nanging Sang Yehuwah ora mirengake panangismu sarta ora midhangetake swaramu kaya mangkono.
46 Dadine kowe banjur padha kepeksa manggon ana ing Kadesy nganti kapara lawas, yaiku sapira lawase anggonmu manggon ana ing kono.”