6 “Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita ndhawuhi kita ana ing gunung Horeb, sabdane: Wus cukup anggonira padha nginep ana ing gunung kene;
7 padha mbacutna laku, budhala lan paranana pagunungane wong Amori lan sakehe tanggane ing Araba-Yordan, ing pagunungan, ing Dhaerah Pagunungan, ing Tanah Negeb lan ing pasisir, yaiku nagarane wong Kanaan lan ing gunung Libanon nganti tekan ing bengawan gedhe Efrat.
8 Wruhanira, nagara iku wus Sunulungake marang sira; padha lumebua, manggona ing tanah kang wus diprasetyakake dening Sang Yehuwah kalawan supaos marang leluhurira Abraham, Iskak lan Yakub, yen bakal kaparingake marang dheweke kabeh lan turun-turune.”
9 “Nalika samana aku pitutur marang kowe mangkene: Manawa ijen aku ora kuwat nyangga tanggung-jawab marang kowe.
10 Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu wus ndadekake kowe padha bebranahan, ing dina iki cacahmu wus kaya lintang ing langit.
11 Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu muga-muga ngundhakana cacahmu nganti tikel sewu, lan kowe muga padha diberkahana, kaya kang wus dadi prasetyane marang kowe.
12 Nanging manawa ijen aku mangsa kelara mikul tanggung-jawab bab kasusahanmu, bab karepotanmu lan prakaramu.