4 Papane banjur diserati dening Panjenengane padha karo seratan kang dhisik, yaiku Pangandika Sepuluh kang wus dipangandikakake dening Sang Yehuwah marang kowe ana ing gunung saka ing tengahe geni, mbeneri kowe padha kumpulan; sawuse mangkono banjur diparingake dening Pangeran Yehuwah marang aku.
5 Aku nuli mudhun saka ing gunung, sarta papane tumuli dakselehake ing sajrone pethi olehku gawe; iya ana ing kono sumelehe, miturut dhawuhe Pangeran Yehuwah marang aku.
6 Wong Israel tumuli padha budhal saka Beerot Bene-Yaakan menyang ing Mosera; ana ing kono Kamas Harun seda lan disarekake iya ana ing kono, dene kang putra Eleazar kang nggenteni dadi imam.
7 Saka ing kono banjur padha budhal menyang ing Gudgod lan saka ing Gudgod menyang ing Yotbata, sawijining dhaerah kang akeh kaline.
8 Ing nalika samana Pangeran Yehuwah milih taler Lewi kadhawuhan ngusung pethining prasetyan, ngladosi Pangeran Yehuwah sarta andum berkah atas asmane, nganti tumeka ing dina iki.
9 Mulane taler Lewi iku ora oleh panduman tanah-pusaka ana ing antarane para sadulure; Pangeran Yehuwah kang dadi pusakane, kaya kang wus dipangandikakake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu.
10 Aku banjur ana ing dhuwur gunung maneh, lawase patang puluh dina patang puluh bengi kaya kang dhisik, sarta sapisan iki Sang Yehuwah uga nyembadani panyuwunku; Pangeran Yehuwah ora bakal numpes marang kowe.