6 Wong Israel tumuli padha budhal saka Beerot Bene-Yaakan menyang ing Mosera; ana ing kono Kamas Harun seda lan disarekake iya ana ing kono, dene kang putra Eleazar kang nggenteni dadi imam.
7 Saka ing kono banjur padha budhal menyang ing Gudgod lan saka ing Gudgod menyang ing Yotbata, sawijining dhaerah kang akeh kaline.
8 Ing nalika samana Pangeran Yehuwah milih taler Lewi kadhawuhan ngusung pethining prasetyan, ngladosi Pangeran Yehuwah sarta andum berkah atas asmane, nganti tumeka ing dina iki.
9 Mulane taler Lewi iku ora oleh panduman tanah-pusaka ana ing antarane para sadulure; Pangeran Yehuwah kang dadi pusakane, kaya kang wus dipangandikakake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu.
10 Aku banjur ana ing dhuwur gunung maneh, lawase patang puluh dina patang puluh bengi kaya kang dhisik, sarta sapisan iki Sang Yehuwah uga nyembadani panyuwunku; Pangeran Yehuwah ora bakal numpes marang kowe.
11 Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang aku: Wis sira tata-tataa, budhala ngirida bangsa iku, lumebu lan ngejegi nagara kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos marang para leluhure yen bakal Sunparingake.”
12 “Kang iku, he wong Israel, apa kang dadi pundhutane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, ora liya mung supaya kowe padha wedi-asiha marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lumakua ana ing dalan kang ditedahake, sarta tresnaa lan ngabektia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging ati lan gumolonging nyawamu;