10 Sabab nagara kang kokparani arep kokejegi iku kaanane ora kaya tanah Mesir kang wus koktinggal lunga, kang sawuse koksebari wiji, banjur kudu koksirami banyu kanthi ngrekasa, patrape kaya nggarap pakebonan janganan.
11 Balik nagara kang kokparani arep kokejegi iku wujud gunung-gunung lan lebak-lebak, oleh banyu udan saka ing langit;
12 nagara kang diopeni dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, nagara kang tansah dipirsani ing tingale Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, saka ing wiwitaning taun nganti tumeka ing wekasaning taun.
13 Manawa kowe kanthi temen-temen anggonmu ngestokake pepakon kang dakluntakake marang kowe ing dina iki lan padha tresna lan ngabekti marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu,
14 mesthi Panjenengane bakal maringi udan ing tanahmu ing saben mangsane, iya udan wiwitan lan udan kang wekasan, satemah kowe bakal nglumpukake gandummu, anggurmu lan lengamu;
15 sarta Panjenengane bakal maringi suket ana ing pangonan kanggo kewanmu, sarta kowe bakal bisa mangan nganti wareg.
16 Padha ngati-atia, supaya atimu aja kena ing godha, temah kowe padha nyimpang sarana ngabekti lan sujud marang allah liya-liyane.