1 “Iki katetepan lan pranatan kang kudu padha koklakoni kalawan temen-temen ana ing nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu marang kowe, supaya dadia darbekmu sajegmu urip ana ing donya iki.
2 Sadhengah panggonan, kang bakal kokejegi, kang dienggoni dening bangsa kang ngabekti marang allahe, iku padha gempuren kabeh, iya kang ana ing gunung-gunung kang dhuwur lan ing tengger-tengger apadene ing sangisore saben wit kang nggrembel.
3 Misbyah-misbyahe padha rubuhna, tugu-tugune brahala padha remuken lan saka-sakane brahala padha obongen, reca-recane allahe, padha leburen, sarta jenenge padha sirnakna saka ing kono.
4 Aja kaya mangkono tandukmu marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.