19 Dingati-ati, kowe aja nganti nglirwakake marang wong Lewi, salawase kowe manggon ana ing tanahmu.
20 Samangsa Pangeran Yehuah, Gusti Allahmu, ing tembe wus ngelar tlatahing tanahmu, kaya kang wus dadi pangandikane marang kowe, mangka kowe nuli duwe osik: Aku arep mangan daging, marga kowe kepengin mangan daging, iya mangana dading ing sasenenging, atimu.
21 Manawa panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem njejegake asmane iku kadohan saka panggonanmu, kowe kepareng nyembeleh panunggalane sapimu lan wedhusmu peparinge Sang Yehuwah marang kowe, kaya kang dakprentahake marang kowe, sarta mangana daginge ana ing panggonanmu ing sasenenging atimu.
22 Nanging pamanganmu iku dikaya yen mangan daginge kidang utawa menjangan. Wong kang najis lan kang ora najis padha kena mangan.
23 Mung poma aja nganti mangan getihe, marga getih iku nyawane; mulane aja mangan nyawa bebarengan karo daging.
24 Poma iki aja kokpangan, nanging esokna ing bumi kayadene banyu.
25 Aja kokpangan, supaya kowe saanak-putumu ing sapungkurmu padha slameta, marga kowe nglakoni apa kang bener ana ing paningale Sang Yehuwah.