Pangandharing Toret 12:9-15 JAV

9 Marga tekan saiki kowe durung padha lumebu ing palereman lan tanah pusaka bakal peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu marang kowe.

10 Nanging samangsa kowe wus nyabrang bengawan Yarden lan manggon ing tanah kang bakal diparingake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe supaya dadi duwekmu, lan samangsa Panjenengane wus maringi tentrem uwal saka sakehe mungsuh kang ana ing saubengmu, lan kowe wus padha bisa manggon kalawan ayem,

11 kowe padha menyanga ing panggonan kang pinilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padunungane asmane, kalawan ngladekake sabarang kang dakprentahake marang kowe, yaiku: kurban obaran, kurban sembelehan, pisungsung prasepuluhan lan pisungsung-mligi, sakehe pisungsung punagi kang pilihan, kang kokpunagekake marang Pangeran Yehuwah.

12 Kowe nuli padha bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya kowe dhewe, iya anak-anakmu lanang lan wadon, batur-baturmu lanang lan wadon, dalah wong Lewi kang dedunung ana ing panggonanmu, marga iku ora melu nduweni tanah pusaka ing tengahmu.

13 Dingati-ati kowe aja nganti nyaosake kurbanmu obaran ing angger panggonan kang koksenengi;

14 nanging mung ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Sang Yehuwah ana ing dhaerahe salah sijining talermu, ana ing kono anggonmu padha nyaosake kurbanmu obaran, lan ana ing kono anggonmu nglakoni sabarang apa kang dakprentahake marang kowe.

15 Ewadene kowe kena bae nyembeleh lan mangan daging ing sasenengmu dhewe, mawa-mawa berkah kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe ana ing sakehe panggonanmu. Wong kang najis lan kang ora najis padha kena mangan iku, kaya yen mangan daging kidang utawa menjangan;