1 Saupama ing tengahmu ana nabi utawa wong olah impen kang muncul lan aweh pratandha utawa mukjijat,
2 mangka pratandha utawa mukjijat kang dikandhakake marang kowe iku kelakon temenan, sarta wong mau ngucap: Payo padha ngenut marang allah liyane, kang padha ora kokwanuhi lan payo padha ngabekti marang allah iku,
3 pangajake nabi utawa wong olah inpen mau aja kokturuti; awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, nyoba marang kowe, supaya katitika apa kowe padha tresna marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu.
4 Padha manuta lan wedi-asiha marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, padha netepana pepakene lan ngestokna dhawuhe, sarta padha ngabektia lan rumaketa marang Panjenengane.