Pangandharing Toret 13:2-8 JAV

2 mangka pratandha utawa mukjijat kang dikandhakake marang kowe iku kelakon temenan, sarta wong mau ngucap: Payo padha ngenut marang allah liyane, kang padha ora kokwanuhi lan payo padha ngabekti marang allah iku,

3 pangajake nabi utawa wong olah inpen mau aja kokturuti; awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, nyoba marang kowe, supaya katitika apa kowe padha tresna marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu.

4 Padha manuta lan wedi-asiha marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, padha netepana pepakene lan ngestokna dhawuhe, sarta padha ngabektia lan rumaketa marang Panjenengane.

5 Anadene nabi utawa wong olah impen mau kaukuma pati, marga ngajak murtad saka ing Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir lan nebus saka ing pangawulan; karepe arep nasarake kowe saka ing dalan kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe supaya kokambaha. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing satengahmu.

6 Saupama sadulurmu lanang, anake biyungmu utawa anakmu lanang utawa wadon, utawa somahmu dhewe utawa mitramu, kalawan dhedhemitan mbujuk marang kowe, pangucape: Payo padha ngabekti marang allah liyane, kang padha ora kokwanuhi lan iya ora diwanuhi dening para leluhurmu,

7 iya panunggalane allahe para bangsa kang ana ing saubengmu, dadia kang cedhak utawa kang adoh karo kowe, saka poncoting bumi tekan poncoting bumi,

8 iku aja nganti kokkalahi lan aja kokrungokake. Iya aja kokeman lan kokwelasi utawa kokdhelikake kaluputane;