9 nanging wong iku poma patenana, tanganmu dhewe kang miwiti mateni dhisik, nuli tangane wong sabangsa kabeh.
10 Wonge dibenturana watu nganti mati, marga wus duwe pangangkah arep ndadekake murtadmu saka Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir, saka ing omah pangawulan.
11 Ing kono wong Israel kabeh bakal padha krungu temah padha wedi, temah bakal ora ana wong kang duwe pokal dursila kaya mangkono iku ana ing tengahmu.
12 Saupama ana ing salah sijine kutha kang bakal diparingake Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe supaya kokenggoni, kowe krungu warta mangkene:
13 Ana wong dursila kang padha jumedhul saka ing antaramu kang wus padha nasarake wong-wong ing kuthane, kalawan pangucape: Payo padha ngabekti marang allah liyane kang ora kokwanuhi,
14 iku nuli titi-priksanen, satitekna lan takok-takokna kalawan tliti. Manawa jebul bener lan wus nyata ana kakadean mangkono ing satengahmu,
15 poma wong isine kutha iku banjur padha patenana kalawan landheping pedhang; kutha iku lan saisine kabeh dalah kewane kasirnakna.