Pangandharing Toret 15:4-10 JAV

4 Dadi ing antaramu aja nganti ana wong miskin, marga Sang Yehuwah mesthi bakal ngluberake berkahe marang kowe ana ing tanah kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe dadi tanah-pusakamu;

5 anggere kowe padha nggatekake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan temen-temen, lan nglakoni kalawan temen-temen sakehing angger-angger kang dakluntakake marang kowe ing dina iki.

6 Samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus mberkahi kowe, kaya kang wus dadi dhawuhe marang kowe, temah kowe bakal motangake marang bangsa akeh, nanging kowe dhewe ora bakal golek utangan, sarta bakal nguwasani bangsa akeh, nanging kowe dhewe ora bakal dikuwasani.

7 Saupama ing antaramu ana wong miskin panunggalane sadulurmu ana ing salah sawijining panggonanmu, ana ing tanah kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, ing kono kowe aja nganti ora maelu utawa mung sedhakep tangan bae ana ing ngarepe sadulurmu kang miskin mau,

8 nanging tanganmu malah egarna kang amba lan utangana kalawan blaba, cukup kanggo kabutuhane.

9 Dingati-ati, supaya ing atimu aja nganti ana pikiran kang ala mangkene: Iki wus ndungkap taun kapitu, taun mangsane palunasan utang, lan kowe banjur mangkel marang sadulurmu kang miskin iku lan ora menehi apa-apa; nuli sadulurmu mau sesambat marang Sang Yehuwah mungguh ing ngatase kowe, temah prakara iku ndadekake dosamu.

10 Poma kowe menehana kalawan blaba lan samangsa menehi, atimu aja mendhekel; awit marga saka prakara iku Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal mberkahi kowe ing sabarang pagaweanmu lan ing sakehe pambudi-dayamu.