8 “Saupama ana sawijining prakara kang kokrasa angel banget pamutuse, upamane: bab raja-pati, bab gugat-ginugat, bab raja-tatu, -- prakara pandakwa ing panggonanmu --, nuli kowe sebaa menyang ing papan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu;
9 yaiku marang para imam wong Lewi lan marang hakim kang ana ing wektu iku lan nyuwuna putusan. Iku kang bakal padha mratelakake putusaning hakim marang kowe.
10 Kowe iya tumuli nglakonana apa kang dadi putusane, saka ing panggonan kang bakal dipilih dening Sang Yehuwah. Kowe nglakonana kalawan setya sakehe pituduhe marang kowe.
11 Kowe tumindaka manut pituduh kang diwenehake marang kowe lan manut putusan kang dikandhakake marang kowe; aja nganti nyimpang mangiwa utawa manengen saka putusan kang diwenehake marang kowe.
12 Wong kang kumawani ora ngestokake dhawuhe imam kang ngadhep nglakoni ayahane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, utawa marang hakim, wong iku kaukuma pati. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing satengahe Israel.
13 Wong sabangsa kabeh bakal padha krungu bab iku, satemah padha wedi lan ora bakal kumawani maneh.”
14 “Besuk samangsa kowe wus lumebu ing nagara kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, sarta wus kokejegi lan kokenggoni, mangka kowe banjur duwe osik: Aku arep ngadegake raja kang mengku marang aku, kaya sakehe bangsa kang ana ing saubengku,