1 “Anadene para imam wong Lewi lan sakehe talere Lewi kabeh aja padha melu nduweni panduman tanah-pusaka bebarengan karo wong Israel; kang dadi bageane iya iku kurban genenan kang konjuk marang Sang Yehuwah lan apa kang dadi sengkeran kagungane.
2 Aja nduweni panduman tanah-pusaka ana ing antarane para sadulure; Sang Yehuwah piyambak kang dadi ebeke, kaya kang wus dijanjekake.
3 Mungguh kang dadi wewenange para imam tumrap rakyat yaiku anggone nampani saka para umat kang padha ngladekake kurban sembelehan, dadia sapi utawa wedhus, iku mangkene: imam iku diaturana sampil ngarep siji, uwange loro apamaneh babate.
4 Wiwitaning panenanmu gandum lan anggur sarta lenga apadene wiwitaning bathilane wedhusmu iku iya aturna.
5 Marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus milih wong iku saka ing antarane sakehe talermu, supaya tansah ngladeni Sang Yehuwah lan nganakake pangibadah, iya dheweke lan para anake salawas-lawase.
6 Manawa ana wong Lewi teka saka ing salah sawijining kutha kang kalebu tlatah Israel, iya panggonane neneka, sarta kanthi karepe dhewe nekani panggonan kang bakal dipilih dening Sang Yehuwah,