18 Nabi kang saka ing antarane pada kadange kaya sira iku bakal Sunangkat kanggo wong-wong iku, sarta pangandikaningSun bakal Sundekek ing lesane, sarta apa kang Sunprentahake iku bakal dilairake marang wong-wong mau.
19 Sapa wong kang ora ngestokake ing pangandikaningSun kang bakal dilairake dening nabi iku demi asmaningSun, iku mesthi Sunpundhut tanggung-jawabe.
20 Nanging nabi kang kuwanenen ngucapake pitutur atas asmaningSun, mangka dudu Ingsun kang ndhawuhi ngucapake, utawa kang duwe pitutur atas jenenge allah liyane, nabi kaya mangkono iku poma kaukuma pati.
21 Saupama kowe duwe osik ing sajroning atimu: Kapriye bisaku ngerti marang pitutur kang dudu dhawuhe Sang Yehuwah.
22 Iku mangkene: Endi kang diucapake dening nabi atas asmane Sang Yehuwah, mangka tembunge iku ora kelakon lan ora netes, iku pitutur kang dudu dhawuhe Pangeran Yehuwah; nabi mau kuwanenen anggone ngucapake, aja wedi karo wong kang kaya mangkono iku.”