3 Mungguh kang dadi wewenange para imam tumrap rakyat yaiku anggone nampani saka para umat kang padha ngladekake kurban sembelehan, dadia sapi utawa wedhus, iku mangkene: imam iku diaturana sampil ngarep siji, uwange loro apamaneh babate.
4 Wiwitaning panenanmu gandum lan anggur sarta lenga apadene wiwitaning bathilane wedhusmu iku iya aturna.
5 Marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus milih wong iku saka ing antarane sakehe talermu, supaya tansah ngladeni Sang Yehuwah lan nganakake pangibadah, iya dheweke lan para anake salawas-lawase.
6 Manawa ana wong Lewi teka saka ing salah sawijining kutha kang kalebu tlatah Israel, iya panggonane neneka, sarta kanthi karepe dhewe nekani panggonan kang bakal dipilih dening Sang Yehuwah,
7 lan banjur nganakake pangibadah atas asmane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, padha kaya sadulure wong Lewi kang padha ngladeni Sang Yehuwah ana ing kono,
8 iku cadhonge kagawea racak padha, iku kajaba pepayone anggone ngedol barang warisane saka leluhure.”
9 “Samangsa kowe wus lumebu ing nagara kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, kowe aja banjur sinau nglakoni jejember kang ditindakake dening bangsa-bangsa ing kono.