11 Balik manawa ana wong kang sengit marang pepadhane, sarta dhedhemitan ngenteni kang disengiti iku, wasana kelakon ditempuh lan dikepruk nganti mati, sawuse mangkono nuli lumayu ngungsi menyang salah sijine kutha iku mau,
12 ing kono para tuwa-tuwane nagara kongkonana nyekel wong mau saka ing kono, banjur dipasrahna marang tangane si waris pulih getih supaya kapatenana.
13 Wong kang kaya mangkono iku aja kokwelasi. Kaya mangkono anggonmu ngilangi getihe wong kang resik saka ing Israel, supaya kowe ginanjara slamet.”
14 “Kowe aja nganti ngelih pathok watesing lemahe pepadhamu kang wus ditetepake dening wong-wong biyen ing tanah-pusaka kang bakal dadi duwekmu ana ing nagara kang diparingake Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe supaya dadi darbekmu.”
15 “Seksi iku manawa mung siji ora kena kanggo nggugat marang wong bab prakara kaluputan apa bae utawa dosa kapriye bae kang bokmanawa dilakoni. Bisane prakara dianggep sah mung landhesan ature seksi loro utawa seksi telu.
16 Saupama ana seksi cidra ndakwa marang wong bab salah sawijining panerak,
17 wong loro kang para-padu iku kasebakna ana ing ngarsane Sang Yehuwah, ing ngarepe para imam lan para hakim kang ana ing wektu iku.