5 kayata: Ana wong lumebu ing alas karo kancane arep negor kayu, nalika tangane mbabitake wadunge arep negor kayu, wesine wadung mlesat saka ing garane, ngenani kancane, temah mati; iku nuli ngungsia menyang salah sijine kutha iku mau kareben tetep urip.
6 Supaya waris pulih getih iku ing sajrone panas atine, anggone mburu marang wong kang gawe pati mau arep dicekel lan dipateni aja nganti ketututan, marga lete adoh, mangka kang gawe pati mau ora sapatute nampani paukuman pati, marga mau-maune pancen ora nduweni rasa sengit.
7 Mulane kowe dakprentahi mangkene: Mijekna kutha telu.
8 Karodene samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ing tembe wus ngelar jajahanmu, kaya kang wus dadi prasetyane kanthi supaos marang para leluhurmu, sarta kowe wus diparingi sakehe tanah kang wus diprasetyakake marang para leluhurmu iku mau;
9 -- anggere kowe nglakoni pepakon iki kalawan temen-temen, iya kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, apamaneh nresnani marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan tansah ngambah dalan pitedahe --, kutha telu mau banjur wuwuhana telu maneh,
10 supaya aja ana getihe wong kang resik kawutahake ana ing nagara kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe dadi darbekmu, temah kowe dadi kapotongan getih.
11 Balik manawa ana wong kang sengit marang pepadhane, sarta dhedhemitan ngenteni kang disengiti iku, wasana kelakon ditempuh lan dikepruk nganti mati, sawuse mangkono nuli lumayu ngungsi menyang salah sijine kutha iku mau,