8 Karodene samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ing tembe wus ngelar jajahanmu, kaya kang wus dadi prasetyane kanthi supaos marang para leluhurmu, sarta kowe wus diparingi sakehe tanah kang wus diprasetyakake marang para leluhurmu iku mau;
9 -- anggere kowe nglakoni pepakon iki kalawan temen-temen, iya kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, apamaneh nresnani marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan tansah ngambah dalan pitedahe --, kutha telu mau banjur wuwuhana telu maneh,
10 supaya aja ana getihe wong kang resik kawutahake ana ing nagara kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe dadi darbekmu, temah kowe dadi kapotongan getih.
11 Balik manawa ana wong kang sengit marang pepadhane, sarta dhedhemitan ngenteni kang disengiti iku, wasana kelakon ditempuh lan dikepruk nganti mati, sawuse mangkono nuli lumayu ngungsi menyang salah sijine kutha iku mau,
12 ing kono para tuwa-tuwane nagara kongkonana nyekel wong mau saka ing kono, banjur dipasrahna marang tangane si waris pulih getih supaya kapatenana.
13 Wong kang kaya mangkono iku aja kokwelasi. Kaya mangkono anggonmu ngilangi getihe wong kang resik saka ing Israel, supaya kowe ginanjara slamet.”
14 “Kowe aja nganti ngelih pathok watesing lemahe pepadhamu kang wus ditetepake dening wong-wong biyen ing tanah-pusaka kang bakal dadi duwekmu ana ing nagara kang diparingake Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe supaya dadi darbekmu.”