12 wonge banjur gawanen lumebu ing omahmu, wong wadon iku tumuli nyukura rambute lan ngethokana kukune,
13 cuculana sandhangane kang dianggo nalika katawan, banjur manggona ana ing omahmu kalawan nangisi bapa-biyunge sasasi lawase. Sawuse mangkono lagi kena kokcedhaki, temah kowe dadi bojone lan wong wadon iku dadi bojomu.
14 Anadene samangsa wong wadon mau wus ora koksenengi, nuli lilanana lunga ing sasenenging atine; poma aja kokedol nganggo bayaran dhuwit, iya ora kena kokrengkuh kayadene batur, marga wong iku wus kokpeksa.”
15 “Saupama ana wong kang duwe rabi loro, kang siji ditresnani, sijine ora ditresnani, mangka karo-karone padha nglairake anak lanang, yaiku wong wadon kang ditresnani lan kang ora ditresnani, mangka kang pambarep iku patutan karo kang ora ditresnani,
16 nalika wong mau andum warisan marang anak-anake, ora kena menehake wewenanging anak pambarep marang anake somah kang ditresnani, marga manawa mangkono iku bakal ngrugekake anake somah kang ora ditresnani awit iku kang pambarep.
17 Anake somah kang ora ditresnani kang dadi pambarep iku diakonana lan kudu dipandumi warisan rong bagean saka saduweke kabeh, awitdene iku kang dadi wiwitaning kakuwatane, iya kang kebener nduweni wewenang pembarep.”
18 “Manawa ana wong kang duwe anak lanang wangkal lan wangkot kang ora mbangun-turut marang pituture bapa lan biyunge, sanadyan wus dipethes, iya meksa ora ngrewes,