2 ing kono para tuwa-tuwamu lan para hakimmu padha metua sarta ngukur dohe panggonaning pepati mau tekan ing kutha-kutha saubenge.
3 Kutha kang nyata cedhak dhewe karo panggonane pepati mau, para tuwa-tuwane kutha iku njupuka sapi wadon nom siji, kang durung tau dimagawekake, iya durung tau nggered kalawan dietrapi pasangan.
4 Sapi iku banjur digawaa dening para tuwa-tuwa mau menyang sawijining lebak kang tansah ana banyune, kang durung tau digarap utawa disebari; sapi nom mau tumuli ditugela cengele ana ing kono, ana ing lebak kono.
5 Para imam bani Lewi banjur padha majua, awitdene iku kang padha dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, supaya padha ngladeni Panjenengane lan andum berkah atas asmane Sang Yehuwah; sarta karampungane sadhengah para-padu lan sadhengah raja-tatu iku mituruta ing putusane.
6 Sakehe para tuwa-tuwane kutha kang cedhak dhewe karo panggonane pepati iku tumuli padha wisuha tangane ing sadhuwure sapi kang katugel cengele ana ing lebak mau,
7 sarta padha nglairna katrangan mangkene: Sanes tangan kawula ingkang ngwutahaken rah punika, saha mripat kawula boten nyumerepi.
8 Paduka mugi karsaa ngawontenaken pirukun kangge umat Paduka Israel, ingkang sampun Paduka tebus punika; dhuh Yehuwah, umat Paduka Israel mugi sampun ngantos Paduka dhawahi rahipun tiyang ingkang boten lepat. Margi saking rah punika lajeng sampun dipun wontenaken pirukun kangge tiyang-tiyang punika.