4 Sapi iku banjur digawaa dening para tuwa-tuwa mau menyang sawijining lebak kang tansah ana banyune, kang durung tau digarap utawa disebari; sapi nom mau tumuli ditugela cengele ana ing kono, ana ing lebak kono.
5 Para imam bani Lewi banjur padha majua, awitdene iku kang padha dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, supaya padha ngladeni Panjenengane lan andum berkah atas asmane Sang Yehuwah; sarta karampungane sadhengah para-padu lan sadhengah raja-tatu iku mituruta ing putusane.
6 Sakehe para tuwa-tuwane kutha kang cedhak dhewe karo panggonane pepati iku tumuli padha wisuha tangane ing sadhuwure sapi kang katugel cengele ana ing lebak mau,
7 sarta padha nglairna katrangan mangkene: Sanes tangan kawula ingkang ngwutahaken rah punika, saha mripat kawula boten nyumerepi.
8 Paduka mugi karsaa ngawontenaken pirukun kangge umat Paduka Israel, ingkang sampun Paduka tebus punika; dhuh Yehuwah, umat Paduka Israel mugi sampun ngantos Paduka dhawahi rahipun tiyang ingkang boten lepat. Margi saking rah punika lajeng sampun dipun wontenaken pirukun kangge tiyang-tiyang punika.
9 Kaya mangkono anggonmu mbirat getihe wong kang ora salah saka ing tengahmu, marga srana patrap mangkono kowe nglakoni kang bener ana ing paningale Sang Yehuwah.”
10 “Manawa kowe nglurug perang nglawan mungsuhmu, sarta iku padha diulungake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang ing tanganmu, lan kokdadekake tawanan,