17 kaliyan malih, kauningana, tiyang jaler punika ndakwa anak kula nglampahi pandamel ingkang kirang pantes, pangucapipun: Anak sampeyan punika kula yektosi boten wonten tandhanipun manawi taksih prawan. Mangka punika tandhanipun manawi anak kula taksih prawan, jarite banjur dijerenga ana ing ngarepe tuwa-tuwane kutha.
18 Wong lanang mau tumuli dicekela dening para tuwa-tuwane kutha kono sarta dirangketa,
19 apadene didhendhaa satus sekel salaka, ditampakna marang bapakne bocah wadon, awit wong lanang mau wus ngalakake jenenge prawan ing Israel; apamaneh wong wadon mau tetepa dadi somahe, ora kena ditundhung sajege urip.
20 Nanging manawa pandakwa mau bener, tegese: bocah wadon iku pancen wus dudu prawan,
21 ing kono bocahe banjur digawaa metu menyang ing ngarepe lawanging omahe bapakne, tumuli dibenturana watu dening wong saisining kuthane, nganti mati, awit wus gawe kuceme wong Israel, dene laku jina ana ing omahe bapakne. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.
22 Manawa ana wong lanang ketemu awor turu karo wong wadon kang duwe bojo, karo-karone padha kaukuma pati, iya kang lanang kang nuroni wong wadon mau, iya kang wadon. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.
23 Manawa ana bocah wadon isih prawan kang wus duwe pacangan, ketemu karo wong lanang ana ing kutha, banjur dituroni,